Wednesday, February 23, 2005

MaNungSo..

manungso iku makhluk ingkang mumet'e udel..
naliko rekoso pengen mati..
naliko mulyo pengen urip sewu taun tanpo pati
naliko rekoso njaluk welas asih'e Gusti..
naliko mulyo lali marang Gusti
Pageblok Aceh..
Salah sawijine bukti Ke-Perkasaane Gusti
pangkat lan bondo kang diandel-andelne kenter melu miline banyu..
abang ijone rupo manungso gak disawang banyu kang baris njajah deso lan kuto
mung ajine ibadah marang Gusti kang dadi kancane mati..
Manungso...
makhluk lemah kang sombonge ngaudubillah..
moh kalah.. pengen menang tanpo polah..
Pengen Mulyo tanpo rekoso..
....
Sopo sing iso ngegem ajining diri..
Ngupadi marang Gusti..
yo iku manungso kang bakal mulyo tumekaning pati..
lan InsyaAllah mulyo tumekan ngarep'e Gusti